Lirik Lagu NIKI - Backburner

Lirik Lagu Ndarboy Genk - Anak Lanang ( Cover By Niken Salindry)

 









Anakku lir bagaskara

Gumebyare gawe tentreming ati

Pawelinge romo ibu

Laku becik tindakna


Ojo lali budhi pekerti kang luhur

Dadi satria ning bangsa

Tan ngendhak gunaning janmi


Biyen omahku gedek

Trocoh yen udan bledek

Bapak kerjo yen mung ono proyek


Biyen durung kramikan

Arep turu adem kanginan

Penting saben dino iso mangan


Saiki aku wes gede

Iso golek duit dewe

Senajan biyen mung iso nyusahke

Pak e buk e ngapurane


Saiki aku wis kerjo

Senajan uripku rekoso

Ikhlas bekti kanggo keluargo


Aku iki anak lanang

Kerjo ku mung turut dalan

Mugo iso mulyakke drajate keluargo


Pak e bu e rekasane

Ngrawat aku kanti gede

Cen kathah luput ku

Kulo nyuwun pangestu


Cen kathah luput ku

Kulo nyuwun pangestu


Kathah klenta klentu

Kulo nyuwun donga restu


Biyen pedot sekolah

Mergo kahanane susah

Weling bapak dadi wong sing genah

Komentar